"Ungkapan pemikiran sederhana untuk pembenahan diri"

Senin, 24 Oktober 2011

Syair : KIDUNG KANGENING ATI


Duh gusti . . .
Abdi tansah mboten mangertosi . . .
Wolak-walikeng jagad ati niki . . .
Dateng salah satunggaleng tiyang setri . . .
Ingkang tansah angangeni . . .

Duh gusti . . .
Mugi parengono kajembaraneng ati . . .
Dateng abdi kang tansah karungrong kangeneng ati . . .
Datansah pareng ridho lan restu . . .
Mugio waged kawujud dugineng mongso . . .
Mongso kajalin tali asmoro . . .

Duh gusti . . .
Roso kangen kang karonto-ronto . . .
Salaming pujo lan asmoro . . .
Abdi titipaken dateng gusti pangeran kulo . . .
Awujuding kidung kakangenan asmoro . . .
Dateng tiyang setri kang tansah angangeni . . .

Titi mangsaning dinten seloso tengah wengi. Abdi tansah mboten saged
tilem, amargi wonten roso kang anganjeling ati abdi. Punopo injeh
tiyang setri ingkang abdi kangeni ugi tansah angrasani punopo ingkang
abdi rasaaken . . . Ingkang waged abdi lampahaken hanamung adedongo
supados punopo ingkang abdi rasaaken waged kawujod ngantos wektu
ingkang nepangaken abdi lan tiyang setri puniko, mongso kajalin tali
asmoro . . . Amargi wonten mriki abdi tansah karoso . . . Sep#i . . .
Ugi kangen kang kadang mboten mikuati . . . Kados tegakeng watu
karang, kadang waged goyah kaantem ombaking segoro . . . ;(;(;( . . .
--
Dikirim dari perangkat seluler saya
Share:

1 komentar:

Arsip Situs

Online now

Show Post

Blog Archive